Olahan Telugu

Appachulu, pacitan legi ing Andhra lan Telangana

Olahan Telugu ya iku olahan Indhi Kidul kang saka masarakat Telugu saka swapraja Andhra Pradesh lan Telangana. Lumrahé olahan iki duwéni rasa kang ambuné tajem, panas lan pedhes. Olahan iki werna-werna wujudé, amarga diperbawani déning werna-werna masarakat saka laladan kang béda-béda.

Telung wilayah - Pasisir Andhra, Rayalaseema, lan Telangana - duwé olahan kang béda antara siji lan liyané. Tuladhané laladan Telanganaan, kang duwéni iklim kang rada garing, duwéni olahan pokok kang asalé saka juwawut (roti), déné laladan Rayalaseema lan Pasisir Andhra (kang kena ilèn banyu blumbang) olahan pokoké saka beras. Uga ragi (olahan saka juwawut) misuwur ing laladan Rayalaseema amarga ana laladan kang duwéni iklim rada-garing. Olahan Telugu bisa awujud kari (ditepang minangka koora), pacitan, lan permèn kang diolah kanthi cara lan jeneng werna-werna.[1]

Andra Pradesh ya iku swapraja kang ngasilaké beras lan lombok abang akèh dhéwé Indhi, déné Telangana ngasilaké akèh dhéwé juwawut. Saka asil iku merbawani olahan Telugu nganggo bumbon crakèn, kang nyebabké olahan-olahan iku dadi salah sawijing olahan kang sugih rasa lan pedhès dhéwé ing donya. Pappu, tomat, gongura, lan asem banyak digunakaké kanggo masak kari. Olahan Telugu uga duwéni manéka jinis acar pedhes lan panas.

  1. "travel.outlookindia.com | 42. The Telangana Table". web.archive.org. 2013-09-18. Diarsip saka sing asli ing 2013-09-18. Dibukak ing 2021-02-27.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search